XtGem Forum catalog
ENTAR
  • Abang kupinge = Nesu
  • Adol ayu = Ngatonake ayune
  • Bening leri = Ora becik
  • Mbuwang tilas = Nutupi tumindak ala
  • Cangkem gatel = Seneng ngrasani
  • Cilik ati = Jirih
  • Dawa tangan = Senen njupuk barange liyan
  • Dhuwur ati = Gumedhe
  • Entek atine = Kuwatir banget
  • Enteng tangan = Seneng tandang gawe
  • Gantung kepuh = Nyandhang ora nate ganti
  • Nggegem tangan = Emoh tandang
  • Idu geni = Omongane tansah kelakon
  • Ilang klilipe = Ilang mungsuhe
  • Jembar dhadhane = Sugih pangapura
  • Jembar kalangane = Isih duwe gegayuhan dhuwur
  • Kandel raine = Ora duwe isin
  • Kembang lambe = Dadi rerasanan wong akeh
  • Landhep pikirane = Pinter banget
    GUGON TUHON
  • Aja kureb ajang = Sakwuse madhang ajange becike isahana disik
  • Aja mangan ing peturon = Amarga bisa ngregedi peturon
  • Aja ngidoni sumur mundhak suwing lambemu = Amarga njalari banyune sumur dadi reged
  • Aja nyapu dalu = Lumrahe ora bisa resik yen nyapu dalu
  • Aja lungguh bantal mundhak wudunen = Bantal iku kajang sirah, saru yen dilungguhi
  • Aja mangan sangga ajang = Amarga gampang wutah yen mangan sangga ajang
  • Aja ngendheg uwuh = Bisa ngregedi papan liya yen kabur kanginan
  • Aja gawe sumur ing emper omah = Bisa bebayani wong liwat
  • Aja seneng ndhekok = Amarga esuk iku wayah nyambut gawe, dudu wayah ndhekok (turu esuk)
  • Ora ilok wanita lungguh jegang = Saru yen disawang
    KEROTO BOSO
  • Bapak = Bab apa apa pepak
  • Berkat = Mak breg diangkat
  • Cengkir = Kencenging pikir
  • Dongeng = Dipaido keneng
  • Garwa = Sigarane nyawa
  • Gedhang = Digeget bubar madhang
  • Guru = Digugu lan ditiru
  • Kathok = Diangkat baka sithok
  • Kuping = Kaku tur njepiping
  • Kutang = Sikute diutang
  • Maling = Amale wong ora eling
  • Mantu = Dieman eman mekso metu
  • Saru = Kasar lan keliru
  • Sopir = Yen ngaso mampir
  • Sruwal = Saru yen nganti uwal
  • Tandur = Nata karo mundur
  • Tarub = Ditata supaya katon murub
  • Tebu = Mantepe nek wis mlebu
  • Tepas = Nitipke napas
  • Wanita = Wani ing tata
  • Wedang = Ngawe kadang
  • Weteng = Ruwet tur peteng
    KURO BOSO
    Tembung rura basa ateges basa rusak, basa kang wis luput kelantur-lantur, nganti ora kena dibenerake maneh. Ora kena dibenerake jalaran pancen wis ora lumrah dibenerake.
    Tuladhane kaya ing ngisor iki :
  • 01. adang sega, benere: adang beras supaya dadi sega
  • 02. njait Klambu. benere: njait bahan/kain supaya dadi klambi
  • 03. mbunteli tempe, benere: mbunteli kedhele kang wis digodhog lan dirageni, supaya dadi tempe.
  • 04. menek krambil, benere: menek wit krambil, yaiku glugu.
  • 05. mikul dhawet, benere: mikul genthong cilik (utawa wadhah liyane ) isi dhawet
  • 06. ngenam klasa, benere: ngenam mendhong supaya dadi klasa
  • 07. nulis layang, benere: nulisi dluwang supaya dadi layang
  • 08. nguleg sambel, benere: nguleg lombok, brambang, tomat, trasi lan uyah supaya dadi sambel
  • 09. ndheplok gethuk, benere: ndheplok pohung kang wis digodhog supaya dadi gethuk
  • 10. nggodog wedang, benere: nggodog banyu supaya dadi wedang.
    PANYONDRO
  • Alis = Nanggal sepisan
  • Asta = Nggendhewa gadhing
  • Athi athi = Ngudhup turi
  • Bangkekan = Nawon kemit
  • Bathuk = Nyela cendhani
  • Bokong = Manjang ngilang
  • Cahya = Sumunar
  • Driji = Mucuk eri
  • Gulu = Ngelung gadhung/Ngolan ngolan
  • Idep = Tumenga tawang
  • Irung = Ngudhup mlathi/Kencana pinatar
  • Kempol = Ngembang pudhak/Nyothang walang
  • Laku = Kaya macan luwe
  • Lambe = Nggula sathemplik/Nyigar jambe/Manggis karenget
  • Lembehan = Mblarak sempal
    PARIBASAN
  • Anak polah bapa kepradhah = Wong tuwo nemu ribed amarga polahe anak
  • Andhang andhang tetesing embun = Njagakake barang mung saolehe bae
  • Ancik ancik pucuking eri = Wong kang tansah sumelang yen kaluputan
  • Bathok bolu isi madu = Wong asor nanging sugih kapinteran
  • Bebek mungsuh mliwis = Wong pinter mungsuh wong pinter
  • Bubuk oleh leng = Duwe niyat ala oleh dalan
  • Cebol nggayuh lintang = Duwe kekarepan sing mokal bakal kelakon
  • Cecak nguntal empyak = Gegayuhan sing ora timbang karo kekuatane
  • Cedhak celeng boloten = Cedhak karo wong ala njalari katut ala
  • Desa mawa cara,negara mawa tata = Saben panggonan duweni pengadatan dhewe dhewe
  • Diwenehi ati ngrogoh rempela = Diwenehi sathithik nyuwun sing akeh
  • Dudu berase ditempurake = Nyambung guneme liyan nanging ora gathuk
  • Emprit ambuntut bedhug = Prakara sepele dadi gedhe
  • Endhas gundhul dikepeti = Wis kepenak ditambahi luwih kepenak maneh
  • Esuk dhele sore tempe = Ora manteban ati ( mencla mencle)
    TEMBUNG PLUTAN

  • Tembung plutan yaiku tembung kang wandane loro kang dirangkep didadekake sawanda.
  • 01. para dadi pra
  • 02. kiyat dadi kyat
  • 03. suwara dadi swara
  • 04. murih dadi mrih
  • 05. weruh dadi wruh
  • 06. sari dadi sri
  • 07. suwarga dadi swarga
  • 08. sarana dadi srana
  • 09. dicuwowo dadi dicwowo
  • 10. suwasa dadi swasa
  • 11. kuluban dadi kluban
  • 12. gumerit dadi gumrit
  • 13. kuwalon dadi kwalon
  • 14. deres dadi dres
  • 15. kuwasa dadi kwasa
  • 16. serat dadi srat
  • 17. purihen dadi prihen
  • 18. keras dadi kras
  • 9. dereng dadi dreng
  • 20. sinarawedi dadi sinrawedi
  • 21. samaya dadi smaya
  • 22. seret dadi sret
  • 23. sumangkeyan dadi smangkeyan
  • 24. sakarepmu dadi skarepmu
  • 25. saprongkal dadi sprongkal
  • 26. ketambuhan dadi ktambuhan
  • 27. telulikur dadi tlulikur
  • 28. suwidak dadi swidak
  • 29. suwasa dadi swasa
  • 30. pinerang dadi pinrang
  • 31. cuwiri dadi cwiri
  • 32. welas dadi wlas
  • 33. gumantung dadi gmantung
  • 34. sinerang dadi sinrang
    TEMBUNG SANDI

    Tembung sandhi utawa tembung garban yaiku tembung gandhengan utawa tembung rerangken loro kang banjur suda gunggung wandane
    Wewatone tembung sandhi/garban :
    [1] a + a = a
    tuladha : sesotya + adi = sesotyadi
    [2] a + i = e
    tuladha : parama + iswara = parameswara
    [3] a + u = o
    tuladha : sara + utama = sarotama
    [4] a + o = o
    tuladha :aOcdadya + ojat = dadyojat
    [5] i + i = i
    tuladha :
    siti + inggil = sitinggilaOc[6] i + a = ya
    tuladha :aOclagi + antuk = lagyantuk
    [7] u + a = wa
    tuladha :aOcmasku + ari = maskwari
    [8] u + i = wi
    tuladha :aOcmunggu + ing = munggwing
    [9] o + a = wa
    tuladha:aOckebo + alasan = kebwalasan

    Pepenget :
  • 1. Tembung kang kena digarba yaiku kang awasana vokal karo tembung kang apurwa vokal.
  • 2. Tembung kang awasana 'h' kena disandi/digarba karo tembung liya kang apurwa vokal sarana mbuwang aksara 'h' mau.aOcUmpamane : sugih + harta = sugyarta ; taksih + alit = taksyalit
  • 3. Sandi u + i ana kang bisa dadi 'we', umpamane : malebu + ing = malebweng.
  • 4. Tembung garban kang nuwuhake swara 'y' diarani garba sutraye, umpamane ; dupi + arsa = dupyarsa.
  • 5. Tembung garban kang nuwuhake swara 'w' diaraani garba sutrawam, umpamane : wadu + aji = wadwaji.
    SANEPO
  • Ambune arum jamban : Banger banget
  • Balunge atos debog : Empuk banget
    Cahyaning abang dluwang : Pucet banget
  • Dedege dhuwur kencur : Cendhek banget
  • Eseme pait madu : Manis banget
  • Kaweruhe jero tapak meri : Cethek banget
  • Lemune benjo tampah : Bunder
  • banget
  • Pikirane landhep dhengkul : Bodho banget
  • Rasane legi bratawali : Pait banget
  • Tatune arang krangjang : Akeh banget
  • Ulate bening leri : Mrengut banget
  • Wektune suwe mijet wohing ranti : Sedhela banget
    TEMBUNG SAROJO
    Tembung saroja yaiku tembung rangkep, maksude tembung loro kang padha tegese utawa meh padha tegese dienggo bebarengan
  • 001. Amrik-minging
  • 002. Andhap-asor
  • 003. Akal-budhi
  • 004. Arum-wangi
  • 005. Adi-luhung
  • 006. Angkat-junjung
  • 007. Angkara-murka
  • 008. Bujana-andrawina
  • 009.
  • Bayu-bajra
  • 010. Babak-bundhas
  • 011.
  • Budi-pakart
  • 012. Buka-sakawit
  • 013. Baya-pakewuh
  • 014. Candhak-cekel
  • 015.
  • Dana-driya
  • 016. Dhawuh-timbalan
  • 017. Ciri-wanci
  • 018. Dhedhep-tidhem
  • 019. Edi-peni
  • 020. Endah-peni
  • 021. Enak-mirasa
  • 022Gandheng-renteng
  • 023. Gendheng-ceneng
  • 024.Guntur-ketug
  • 025. Geter-pater
  • 026. Gandhes-luwes
  • 027. Campur-adhuk
  • 028. Glogok-sok
  • 029. Gepok-senggol
  • 030. Gilir-gumanti
  • 031. Guna-kasantikan
  • 032. Godha-rencana
  • 033. Gagah-perkosa
  • 034. Ewuh-pakewuh
  • 035. Iguh-pratikel
  • 036. Jubriya-kibir
  • 037. Jarah-rayah
  • 038. Jebat-kasturi
  • 039. Jungkir-walik
  • 040. Japa-mantra
  • 041. Jugul-mudha
  • 042. Krama-niti
  • 043. Kukuh-bakuh
  • 044. Kengkeng-bangkeng
  • 045. Kajen-keringan
  • 046. Kepalu-kepenthung
  • 047. Kasep-lalu
  • 048. Kesampar-kesandhung
  • 049. Kapok-kawus
  • 050. Kebo-ndanu
  • 051. Lir-pendah
  • 052. Lagak-lageyan
  • 053. Lagak-lagu
  • 054. Lalu-lungse
  • 055. Murub-mubyar
  • 056. Malang-megung
  • 057. Mula-buka
  • 058. Mukti-wibawa
  • 059. Mudha-dama
  • 060. Mudha-pingging
  • 061. Mudha-punggung
  • 062. Mudha-tumaruna
  • 063. Nistha-dama
  • 064. Nungsang-njempalik
  • 065. Nistha-papa
  • 066. Nenes-kenes
  • 067. Papa-cintraka
  • 068. Puji-pandonga
  • 069. Puja-semedi
  • 070. Perang-musuh
  • 071. Perang-tanding
  • 072. Nila-widuri
  • 073. Pasang-rakit
  • 074. Rame-gumuruh
  • 075. Rahayu-slamet
  • 076. Sindhung-riwut
  • 077. Sih-wilasa
  • 078. Sak-serik
  • 079. Sri-Narendra
  • 080. Solah-bawa
  • 081. Solah-tingkah
  • 082. Setya-tuhu
  • 083. Sotya-retna
  • 084. Sindhung-aliwar
  • 085. Sumbang-surung
  • 086. Sato-kewan
  • 087. Sinuba-sinukarta
  • 088. Suka-rena
  • 089. Sarat-masrut
  • 090. Sabar-drana
  • 091. Sih-tresna
  • 092. Sayuk-rukun
  • 093. Sungsun-timbun
  • 094. Kongas-ngampar
  • 095. Tumpang-tindih
  • 096. Teguh-prakosa
  • 097. Tata-krama
  • 098. Tindak-tanduk
  • 099. Tandang-grayang
  • 100. Tri-gumuruh
  • 101. Tapak-tilas
  • 102. Tambal-sulam
  • 103. Tingkah-laku
  • 104. Tingkah-solah
  • 105. Tumpuk-undhung
  • 106. Tepa-tuladha
  • 107. Tepa-palupi
  • 108. Tata-trapsila
  • 109. Umyang-gumuruh
  • 110. Utang-selang
  • 111. Wantak-wantu
  • 112. Wandu-wandana
  • 113. Wulang-wuruk
    TEMBUNG YOGASWARA
    Tembung yogaswara iku tembung loro ateges lanang-wadon kang mung beda wandane wekasan. Dene bedane yaiku wandane kang ngarep mawa swara "a", tembunge kang mburi mawa swara "i"
  • 01. Apsara-Apsari
  • 02. Bathara-bathari
  • 03. Dewa-dewi
  • 04. Gana-gini
  • 05. Gandarwa-gandharwi
  • 06. Gedhana-gedhini
  • 07. Pemudha-pemudhi
  • 08. Prameswara-prameswari
  • 09. Raseksa-raseksi
  • 10. Widadara-widodari
  • 11. Yaksa-yaksi
  • 12. Putra-putri
    [ H O M E ]